Lord Kopet Van EtanKali


Nyoblos Partai Silit Sapi?

Mar
05

A: Pak pemilu ki kapan tho?

P: Sasi Ngarep le

A: Aku Nyoblos opo yo pak?

P: Yo nyoblos Ka’bah no le! P3!

A: Opo kui pak P3? Wong Partaine akeh banget saiki

P: P3 kui Partai Persatuan Pembangun

A: Persatuan pembangunan kok gambare ka’bah yo pak? Ra nyambung. Aku milih P8 wae lah.

P: Opo kui P8?

A: Putra Putrinipun Pak Petruk Padu Perkoro Pohong Puteh

P: Nek ngono aku nyoblos S8

A: Opo kui pak?

P: Silitipun Sapi Saget Singsot Suat Suit Sae Sanget

A: Kowe nyoblos silit sapi pak?

Nyoblos opo ki penake? Kowe nyoblos partai opo? Ngelu!

Bu Blekok

Mar
05

Ing sak wijine dalu.

Pak Kuntul, 40-an tahun, direktur wonten PT. Mengsle Komunikatiyon, tiyange kalem, blegedu. Daleme Pak Kuntul tebih sanget saking kantorpun. Kulo mboten ngertos kok Pak Kuntul sakniki sregep lemburan. Mbok menawi nembe katah damelan ingkang kudu digarap.

Nah Pak Kuntul niki gadah garwo, asmanipun Bu Blekok, Bu Blekok niki ingkang kulo krungu-krungu tiyange galak, posesif, radi lunyu pituturipun lan sok-sok nyathek. Pokoke ngeri laah.

Sampun ngertos mekaten kok Pak Kuntul niku nggeh sok njarak. Kados dalu niki Pak Kuntul wangsul saking kantor jam 1 dalu. Nggeh cotho tho? Garwone wonten dhalem ngethosi suwi sanget lan mikir sing ora-ora, wedi nek ono “opo-opo” neng dalan.

Kinten-kinten jam 2 dalu, Bu Blekok nge-bel wonten kantor. Gandeng kulo dalu niki angsal piket saking kantor (Eh kulo sanes satpam leh, kulo OB – Office Boss) dadose teng kantor muk wonten kulo kaliyan rencang kulo, asmone Mas Blekak.

Awalipun kulo nggeh kaget kok wonten sing bel jam semonten, kinten-kinten sinten nggeh? Kulo wedi nek ingkang nge-bel niku gundul pringis. Pesawat tilpun diangkat Mas Blekak.

Bu Blekok (BB), Mas Blekak (MB)

Bu Blekok (BB), Mas Blekak (MB)

MB: Haloo..wonten mriku sinten? Wonten mriki sinten?

BB: Sopo ki? ( caturane rodo njengat)

MB: Madosi sinten nggeh?

BB: Kuntul, Pak Kuntul ono?

MB: Pak Kuntul mboten enten, sampun wangsul bune

BB: Oh yo wis

—tilpun ditutup

Mas Blekak dados heran tilpun kok aneh, mboten nyebut saking pundi, mboten nyebut asmanipun. Asline Mas Blekak nggeh ngertos sinten niku ingkang tilpun.

Kinten-kinten 5 menit sak utawis bel ingkang pertama, wonten tilpun maleh. Nggeh tesih Bu Blekok.

BB: Pak Kuntul opo owes mulih tenan?

MB: Wah nggeh mboten ngertos

BB: Mbok digoleki nang ruange disik

MB: Ruange sampun petheng niku bu *padahal males ngecek*

BB: Deloken nang parkiran mobil ijek ora?

MB: Sekedap nggeh bu *tilpun muk didelehke nang mejo, etok-etok niliki, padahal ora*

MB: Mboten enten niku bu, sak ngertos kulo Pak Kuntul sampun manthuk wit-wit ndek wau

BB: Kok durung tekan omah yo?

MB: (mbathin trus kelingan *wooo iyo ndek wau pak kuntul manthuk kaliyan tiyeng estri*)

BB: Opo turu nang Tol yo mas?

BB: Eh iki sopo tho? *laaah lagi takon*

MB: Blekak bu!

BB: Mas Blekak, kui nang ruangane wes ra ono tenan? Kendaraane yo wes ra ono yo?

MB: Mboten bu sak estu, sampun kulo padosi wonten ngandap mejo nggeh mboten wonten. Teng Kolah nggeh mboten enten. Wonten pos satpam nggeh mboten enten.

BB: Ah yo wes *nadane gelo*

—tilpun ditutup

Wah mesake Bu Blekok, njur kulo sms Pak Kuntul, ngabarke nek garwone madosi wonten tilpun ping kalih. Lah kok dibales “ aku keturon nang tol mas, ngantuk..ngapunten ngerepoti “

Weladalah Pak Kuntul…Pak Kuntul ditelepon garwone kok mboten diangkat nek disms kok malah mbalesi. Ah aku emoh mikir sing aneh-aneh. Mugi-mugi Pak Kuntul leres tilem wonten Tol lan  mboten nakal. Sak niki sampun jam 3 injing. Kulo tilem riyen, nguantuk. Ngantuke kados digandhuli king kong. Nggeh sampun.

Mugi-mugi Pak Kuntul mboten Blekak Blekok sak umpani ditangleti garwone, tilem teng pundi? tilem kaliyan sinten? ngorok nopo mboten?. Mugi-mugi Bu Blekok mboten nyathek.

Eh wonten nopo kok Bu Blekok sok nyathek? to be continued

Warung Mbok Mo

Feb
24

SMA ku nang honggowongso kono, cedak sar kembang. Jaman-jaman SMA kui jaman suwung kanggo ku. Gawean ku kui padu nek ora ngepruki uwong telung dino wae rasane ati ono sing ngganjel. Jaman SMA nek ono jam ke nol (mlebu jam 6 isuk) aku mesti sarapan nang warunge mbok mo mergone kantin nang sekolah durung buka tur ora iso udud nek bar mangan.

Nang warunge mbok mu kui favoritku jangan tumpang karo teh kentel panas. Nang warung mbok mo iki kerep dadi tongkrongane cah mbeling, bandar gelek nang sekolah ku nek transaksi nang kono.

Aku seneng banget karo mbok mo, amargonang warung iki aku iso ngutang. Gari ngomong ” sesssuk yo mbook ” banjur mbok mo nulis nang buku cilik dinggo nyatet utangku. Mbok mo yo seneng diutangi wong aku ki mangane akeh banget. Biasane aku mbayare seminggu pisan.

Neng tau aku mangan akeh nang kono trus lali mbayar, trus sesuk ngono meneh, trus minggu ngarep yo ngono meneh, eh kok sasi ngarepe aku ngono meneh. Utangku numpuk akeh banget neng aku ra gagasan nek aku nduwe utang akeh.

Sir ku sih nek  aku nduwe duit mengko langsung tak tomprangi kabeh, gandeng wancine EHB catur wulan aku yo sibuk sinau lan EHB. Njur wancine tompo rapor, aku wes deg-degan aku wedi nek biji ku elek trus sibu ku nesu. Nek wanci tompo raport ki biasane bocah-bocah tetep mlebu ndampingi wong tuwane.

Eh ladah pas sibu ku teko nang sekolah trus mlebu kelas ku, jubule raportku ora iso dijikuk. Mergone Mbok Mo laporan nang sekolah sopo wae sing nduwe utang nang Mbok Mo, sing ijek nduwe utang ora iso njikuk raport. Utangku SATUS EWU. Sibu ku banjur dadi ngamuk nang aku, aku dijewer nang ngarep wali kelasku. Aku isin byiaaanget.

Saiki mbok Mo wes sepuh banget, terakhir aku dolan rono tak tukoke sweater. Mbok Mo seneng banget, kok yo ijek kelingan karo aku.

Budhe Toko Barata

Feb
24

Toko Barata

Malem setu, aku dijak bapak mrana amarga aku munggah kelas 5 SD. Klambi seragamku wis keciliken, dadine meh ditukokne klambi seragam anyar. Aku seneng banget. Aku seneng banget ambune kain utawa klambi anyar. Ambune semriwing-semriwing piye ngono. Nek kancaku omong, ambune koyo ambu cino. Mbuh apa hubungane anyar karo cino.

Heh brewok kui Toko Barata nang sar pon sing nduwe budhe ku. Kowe ngerti rak, jaman mbiyen cilik kui budhe nganyelke banget. Nek pas bakdan wancine kumpul kabeh sak sedulur budhe, pakdhe, bulik lan paklik biasane ngewehi duit sepuluh ewuan. Lah kok budhe siji kui sing nduwe toko barata malah ngewehi baret pramuka, dug pramuka. Aku anyel banget jaman mbiyen, mbok nek ngewehi cah cilik ki yo duit wae. Kan iso nggo tuku mblangreng. Yo tho?

Éndang Édan

Feb
24

Éndang Édan, kui wong édan nang kampungku. Éndang jaré sibu ku umuré podo mbakku sing nomer loro. Jaman cilikané, si éndang kui durung édan, lah dadi édan amargo mboké mati kelindes sepur nang purwosari.Saben isuk éndang gaweane nyapu dalanan sak ndeso, nek uwes éndang udud nang pos rondo. Rambuté dowo ora karuan, klambiné nganggo hem sing wis ora mbejaji.

Aku kerep ngècé éndang nek ameh mangkat sekolah. Nek éndang pas ora gagasan yo ora diapa-apaké neng nek pas éndang lagi nesu biasane aku dioyak karo garo nggowo boto.Lah saiki aku wes gede kok éndang yo ijek kleleran nang dalan kampungku. Sing marai aku kèlingan terus karo éndang kui mergone si éndang ki pinteré ora jamak. Éndang tau muni ngene nang cah-cah cilik nang kampungku.

Kuthuk kui chicken lé

Omah kui house

Jubulé éndang tau ketompo nang jurusan hubungan internasional UGM, banjur kepinteren trus mboké mati kelindes sepur. Éndang dadi stress dibacutké édan. Karapané Éndang Édan.

Nulis Sing Bécik

Feb
24

Nulis nang boso jowo ki pancen angel ning asyik. Aku dadi iso ngerti jubulé ono pitèdah sing kudu dituruti. Koyo tho nang tulodo ngisor iki.

ê : e koyo nang  ‘lêpêt’, ‘dalêm’, ‘barêng’
è : e koyo nang ‘tèlèr’, ‘kèri’, ‘nolèh’, ‘kêthèk’, ‘monyèt’, ‘pèmpèk’
é : e koyo nang ‘ménggok’, ‘édan’, ‘ndéso’

Dadi ayo barengan sinau nulis, men rodo stil.

Kecéng

Feb
22

Koncoku jenengé Kecéng, anak bakul tèngkléng, ben dino senengé godong ciméng karo tempe bongkréng, rupané bagus koyo ceméng, amargo jaman cilik tau nguntal obéng, awaké kuru oyot kawat balung gepéng, nek mendhém senengané ngréméng, nduwé yang ayu lemu sayangé koyo celéng, nek misuh hajingséng, cita-cita jaman cilik dadi garéng, saiki Kècèng dadi menteri republik Aéng-aéng.

Sènggél Marai Bubrah

Feb
21

Urusan ati ki nyat angel angel gampang, lagi waé kiro-kiro limang menitan sak durunge aku tulis iki koncoku cilik jaman mbiyen nelpon aku. Jénengé Sifak alias Sipak celukanè Pa’ul, Sipak crito nek sirahé lagi mumet amargo bekas yangè sing pedot lagi tahun baruan wingi ameh rabi suk sasi mei. Wah cotho ki.

Lah aku dadi konco cedakè kan wes sak mestine melu belosungkowo. Aku yo mesaké lan melu ngeleremké atine.Padahal pas bakdo wedus wingi kaé aku sempet ketemu sipak, deweké sempet ngenalke aku nang yangé. Sing tak delok pas kui hubungané apik-apik waé. Lah saiki kok malah pedot.

Banjur ngono aku yo rodo curiga, aku yo nang takon nang deweké kenopo kok iso pedot? Kan sing jenengé masalah kui mesti ono sebabé yo?

Jare Sipak, bapak si yangé kui ora seneng karo deweké amargo Sipak ki nduwe tato sak lengenè. Wes rong sasi Sipak diembargo ora entuk dolan ngapèli yangé.

Ndelalahé yangé Sipak kui
kok yo ora teges ngilang ora ono kabaré di sms ora mbales, di bel ora diangkat. Sipak anyél, pas malam minggu Sipak nekat ngapéli yangé. Tekan omah yangé, Sipak ora entuk suwe-suwe ngapèl karo bapaké yangé.Lah kok Sipak malah emosi, bapaké yangé diajak sènggél.Pantes yangé njaluk pedot, durung dadi mantu kok wes ngajak sènggél calon morotuo, piye nek wes dadi mantu.

Sènggél yo sènggél ora perlu sènggol sènggol.

 

 

Kopet Lan Pit Jengki

Feb
18

Padahal yo buapak’e kui ta’mir mejid nang ndesoku, mbok’e tukang pijet bayek. Asline cah kui jenenge Hafid, gandeng yo ilat jowo kelondo-londonan Hafid diceluk dadi kopet. Jaman kui jaman susah, sambel pecel jaman kui regane iso nganti patang puluh limo ewu sekilo, go liwet wes ora entuk karo tengah. Jan mbiyen kui kabeh-kabeh larang lan susah.

Timbang sirah ngelu ora nduwe duit, Kopet dadi bakul botohan alias pengepul alias blantik Tjap Djie Kia. Tjap Djie Kia kui paling merakyat nang kutho sak uwis’e SDSb.

Kopet kui modale muk pit jengki gawean cino, ben dinone kopet mubeng ndeso nganti koyo patroli tentara wae. Tjap Djie Kia ben dinone bukaan ping sewelas, tugas’e kopet ki dadi juru nyamkem kanggo sing masang botohan. Misal’e bukaan ke pisan methune Plompong, kopet yo kudu muter sak ndeso nggo ngabarke nek bukaan ke siji sing methu Plompong.

Jan Kopet ki koyo artis ibukota, kabeh sak ndeso kui mesthi kenal deweke’e, wong tau kok kopet ki dicalonke dadi RT mergo saking wong-wong kui sayang karo Kopet. Neng Kopet emoh mergo ra iso tandatangan.

” Ciwir..ciwir..” ngono biasane kopet nek mbengok.

” Plompong methune plompong .. ” kadang yo muk ngono.

Lah kapan kae bengi-bengi pas bukaan terakhir, Kopet bar ngombe ciu jare ben ra masuk angin  soal’e nang njobo gerimis’e awet banget ora bar-bar. Ndelalahe kok yo wong-wong sak ndeso ki ora ono sing methu rondo dadine pos rondo yo sepi.

Wes dadi kewajiban Kopet ngabarke methu ne opo nang uwong-wong sing wes masang Tjap Djie Kia. Numpak pit jengki ne Kopet muter ndeso.

Soko kadohan suarane Kopet sing khas aku wes krungu soko omah ku.

” Ciwiiiir…” ngono bengok’an Kopet

” Leeeek Ciwiiiir lek…”

” tho..gentho..methu Ciwiiir…”

Lah pas lewat omah ku kui kopet kok rodo ngebut nggenjot pit’e, karo bengok bengok ” ciwir..ciwir…”

Kiro-kiro durung ono 5 menit soko omah ku, ujug-ujug ono suworo ” Ciwiiiiir……Ciwiiiir…..gubrak”

Lah aku yo kaget, aku trus methu omah niliki suworo opo kui? Jubule Kopet mblangsak nabrak pager’e tonggo ku. Gandeng nang njobo petheng, udan sisan aku yo dadi males nulungi. Ngulungi kok blanthik Tja Djie Kia.Ra sudi.

Kopet cotho sesuk’e prei ora mblantik meneh.